Teteg Ati - Damara De


Damara De

ning pungkasan srengenge sore iki
atiku iseh roso sumpek
nanging sempet mikerke sliramu
sing tak tresnani

ning pungkasan rembulan wengi iki
atiku iseh milih berjuang bertahan
korban ati perasaan kanggo sliramu
koco iki dadi seksi pedihe atiku

kowe gawe ati sing tak jogo dadi gelo
bola bali kowe sing salah
nanging aku sing disalahne
mas, perlu dingerteni

tetegke atiku wis koyo ibumu
ora tau ngersulo ngadepi polahmu
sing nggawe atiku, atiku tatu
ning pungkasan srengenge sore iki

atiku iseh roso sumpek
nanging sempet mikerke sliramu
sing tak tresnani
koco iki dadi seksi pedihe atiku

kowe gawe ati sing tak jogo dadi gelo
bola bali kowe sing salah
nanging aku sing disalahne
wis rapopo aku sing disalahno

tapi elingo cen aku sing lilo
dadi payung naliko udane teko
mas, perlu dingerteni
tetegke atiku wis koyo ibumu

ora tau ngersulo ngadepi polahmu
sing nggawe atiku, atiku tatu
senajan kowe mung nyepelekke
nanging ati iki tetep tak kuatke

sumpah ati iki
setiyoku mung kanggo kowe
selawase bebarengan karo kowe
selawase ora bakal tak liyakke

selawase tetep teteg atine

available on Telegram t.me/liriklaguok
Related : Teteg Ati - Damara De .