Balungan Kere - Ilux


Ilux

biyen aku tau kelangan
nganti saiki iseh kelingan
koe sing tak anti anti
bebrayan tekaning pati

jebule mblenjani janji
kabeh iki mergo kahanan
ben iso nyukupi kebutuhan
aku kerjo isuk sore

nanging koe sambat wae
jaremu balungan kere
opo pancen wes nasibku
kudu pisahan karo sliramu

jaremu arep nompo opo anane
nanging nyatane tresnaku mbok sepelekke
kudune koe ngerteni
kabeh mung titipane Gusti

senajan atiku wes bubrah
kandelne nggone ibadah
Gusti sing paringi berkah
senajan balungan kere

ora kendo nyambut gawe
senajan dalan ra alus
sing penting wani terus
kabeh iki mergo kahanan, ben iso nyukupi kebutuhan

aku kerjo isuk sore, nanging koe sambat wae
jaremu balungan kere
opo pancen wes nasibku
kudu pisahan karo sliramu

jaremu arep nompo anane
nanging nyatane tresnaku mbok sepelekke
kudune koe ngerteni
kabeh mung titipane Gusti

senajan atiku wes bubrah
kandelne nggone ibadah, Gusti sing paringi berkah
senajan atiku wes bubrah
kandelne nggonku ibadah, Gusti sing paringi berkah


available on Telegram t.me/liriklaguok
Related : Balungan Kere - Ilux .