Tresno Waranggono (feat. Wandra) - Esa Risty


Esa Risty

nelongso roso rasane
tangis jroning atiku
yen kelingan esem gemuyumu
laras sworo gending tresno

gawe kangen ning atiku
tansah eling aku ro sliramu
duh kangmas sak tenane
aku ngerti atimu

nanging wes mestine aku du jodomu
pancen roso kari roso
kudu lilo nggongmu terimo
lilakno aku nyanding priyo liyo

ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu
bebungah atiku krungu suaramu
aku mung biso dedungo waranggono sing tak tresno
mugo biso urip tentrem mulyo

tak tulis lakon tresnamu ing gending katresnanku
tak tembangake saben kangen sliramu
sak tenane aku nangis, nanging tresno wes ginaris
tak lakoni nganti ikhlas ati

wuyungku ngelayung ngemboro ing awang-awang
tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang
tumetese eluhku mbrebes mili ono pipi
opo tresno iki pancen wes kudu nduweni

wes lilakno aku kangmas, wes cukup lalekno
lelakon tresno iki bakal dadi crito tresno waranggono
ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu
bebungah atiku krungu suaramu

aku mung biso dedungo waranggono sing tak tresno
mugo biso urip tentrem mulyo
tak tulis tresnamu ing gending katresnanku
tak tembangake saben kangen sliramu

sak tenane aku nangis, nanging tresno wes ginaris
tak lakoni nganti ikhlas ati
wuyungku ngelayung ngemboro ing awang-awang
tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang

tumetese eluhku mbrebes mili ono pipi
opo tresno iki pancen ra kudu nduweni
wes lilakno aku kangmas, wes cukup lalekno
lelakon tresno iki bakal dadi crito tresno waranggono


available on Telegram t.me/liriklaguok
Related : Tresno Waranggono (feat. Wandra) - Esa Risty .