Kalah Awu - Ndarboy Genk


Ndarboy Genk

ngopo aku sing selalu salah
ngopo aku sing kudu ngalah
kedung jeru iso tak jajaki
nanging ati ne manungso sopo sing ngerti

sak landepe belati isih landep lathi
mulo kudu ngati ati
aku meneng mung ngempet lara
aku pancen wong ra sepiro

urip iki mung sawang sinawang
ora golek pemenang, ojo saling njeglang
sak panase geni isih panas ati
yen diomongke neng mburi

Gusti salah kulo nopo
kerep ditulo tulo
arep sambat bingung karo sopo
Gusti mantepno lakuku

duduhno dalanku
yen kudu kalah, aku mung kalah awu
aku meneng mung ngempet lara
aku pancen wong ra sepiro

urip iki mung sawang sinawang
ora golek pemenang, ojo saling njeglang
sak panase geni isih panas ati
yen diomongke neng mburi

Gusti salah kulo nopo, kerep ditulo tulo
arep sambat bingung karo sopo
Gusti mantepno lakuku, duduhno dalanku
yen kudu kalah, aku mung kalah awu

yen kudu kalah, aku mung kalah awu

available on Telegram t.me/liriklaguok
Related : Kalah Awu - Ndarboy Genk .